Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/234

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. datan owah kadi duk meksih,
    Prabu Handayaningrat,
    kuneng tan cinatur,
    ing solah myang laminira,
    kang winarna sabedhahing Majapahit,
    musnane Brawijaya.

  1. Putri Cempa Ratu Dwarawati,
    datan milu muksa mring kang raka,
    pan sampun Islam batine,
    anut agamanipun,
    ingkang putra ing Ampelgadhing,
    sasedane kang putra,
    anut wayahipun,
    nenggih Jeng Sinuhun Benang,
    amemuri agama sarengat nabi,
    rasul anyakraningrat.

  2. Lan welinge kang raka ing nguni,
    maring prameswari putri Cempa,
    pan kinen kariya bae,
    momonga para sunu,
    para wayah kangsamya kari,
    memuriya agama,
    sarengating rasul,
    Sang Aprabu Brawijaya,
    nadyan Buda jer wus pralebda ing budi,
    waspadeng sangkan paran.

  3. Nadyan pramesuri Dwarawati,
    binoyongan maring ingkang wayah,
    Prabu Nyakrakusumane,
    ing Benang jengsinuhun,
    ingkang eyang pinundhi-pundhi,
    akathah para wayah,
    ingkang sami tumut,
    mring eyang wonten ing Benang,

232