Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/233

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. Ginantyaken ing ramanireki,
    rajaputra ing Pengging kalihnya,
    karsane kang eyang mangke,
    tan jinenengken ratu,
    nagri Pengging apan pinalih,
    kabupaten kewala,
    ing Pengging nem-sepuh,
    ibunira maksih gesang,
    nenggih ratu Handayaningrat ing Pengging,
    momong putra kalihnya.

  2. Tan alami kang ibu ngemasi,
    dadya loia raden kalih pisan,
    ing wayah pan maksih anem,
    kalangkung kawlasayun,
    tinilar ring rama nerpati,
    lan ibu sorinira,
    mangkana winuwus,
    karsanira ingkang eyang,
    Sang Aprabu Brawijaya Majapahit,
    kang wayah kalih pisan.

  3. Pan pinundhut maring Majapahit,
    mring kang eyang pinundhut atmaja,
    dinama-dama kalihe,
    dening wayah pembayun,
    pan kinarya liruning siwi,
    sok tresnaning narendra,
    tu win Kangjeng Ratu,
    Andarawati kalintang,
    asih tresna mring wayah jalu kekalih,
    dene tan yayah rina.

  4. Dene nagrinira Pajang Pengging,
    pan tinengga ing para satriya,
    sentana ing Pengging kabeh,
    para mantri gung-agung,

231