Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/235

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

rajaputra ing Pengging kekalih sami,
tumut wonten ing Benang.

9. Dhasar Jeng Sinuhun Benang nenggih,
pan kaprenah sadherek misanan,
lan rajaputra kalihe,
ingkang kaprenah sepuh,
rajaputra ing Pajang Pengging,
Kangjeng Sinuhun Benang,
anem prenahipun,
langkung denya sih-sinihan,
ingkang raka kekalih lawan kang rayi,
Kangjeng Sinuhun Benang.

10. Pan karasa wong agung ing Pengging,
aneng Benang samya anggegulang,
ing agama sarengate,
tuwin wau wong agung,
ing Mandura sang adipati,
Lembupeteng Mandura,
pan sampun kekuwu,
wonten ing asrama Benang,
Jeng Sinuhun ing Benang kelangkung asih,
tresna maring kang rama.

11. Pan anguwa prenahira nenggih,
Jeng Sinuhun Anyakrakusuma,
mring sang nateng Mandurane,
Lembupeteng puniku,
pan mantune Arya Baribin,
ing nagari Mandura,
mangkana winuwus,
Sri Lembupeteng Madura,
dahat sihe marang kaponakaneki,
Dyan Kebokanigara.

12. Miwah Raden Kebokenangeki,

233