Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/232

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. umiring mring Raden Jaka.

  1. Sapraptaning kapatihan pinisalin,
    sira Raden Jaka,
    datan kawarna ing latri,
    wuwusen ing enjingira.

  2. Prapta duta kang sangking srinarapati,
    nampan pira-pira,
    isi busana pisalin,
    sangking kang rama narendra.

  3. Saben ari elur kang sami tetuwi,
    sagunging satriya,
    dipati punggawa mantri,
    samya sung pasalin sinjang.

  4. Warna-warna arta busana mranani,
    Dyan Jaka semana,
    kamulyanira tan sipi,
    miwah kasugihanira.

  5. Enengena Dyan Jaka kang sampun sigih,
    gantya kawuwusa,
    ingkang pinunggel ing kawi,
    ing Paiang Pengging sarkara.

XIII

  1. Kawuwusa nateng Pajang Pengging,
    Narapati Handayaningrat,
    tan patya panjang yuswane,
    sedanira sang prabu,
    pan atilar putra kekalih,
    sami jalu kalihnya,
    wastane kang sepuh,
    Raden Kebokanigara,
    ingkang anem Dyan Kebokenanga nenggih,
    sami pekik kang warna.

230