Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/231

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

29. Bocah desa tan weruh ing tata titi,
laku tan wruhing trap,
katuwana sira kaki,
kaniaya kang akarya.

30. Ni mbok randha karantan-rantan kang tangis,
tuwin sesambatnya,
ni Kartamaya tan sipi,
Ki Jaka milya karuna.

31. Kang miyarsa sami angungun tan sipi,
malah kabarabas,
mijil waspanira sami,
lan sumerep yen sutendra.

32. Yata wau mangungun srinarapati,
karantaning driya,
kumembeng waspanireki,
karaos enget ing driya.

33. Sang aprabu dhawuh mring rekyana patih,
iku ta si Jaka,
pan sayekti suta mami,
gawanen mring wismanira.

34. Kyana patih sandika aturireki,
nulya srinarendra,
jengkar manjing kenyapuri,
kyana patih undhang bubar.

35. Kae jaka wus kerid ing kyana patih,
kang ibu tut wuntat,
kalawan renanireki,
tuwin ta Ki Kartamaya.

36. Miwah lurah mantri jagal datan kari,
myang mantri punggawa,
sadaya sami ngurmati,

229