Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/230

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mengko sira nyawa,
nemahi nandhang tetali,
pinikut ing sanagara.

22. Sru cilaka nyawa sutaningsun gusti,
anandhang wewirang,
babo kang isun ngengeri,
sun kekudang anak lanang.

23. Mengko teka akarya rudahing galih,
rujiting tyasingwang,
rontok rantas rontang-ranting,
dhuh lae nora kayaa.

24. Dene sira durung wruh rasaning mukti,
lola cilik mula,
urip datanpa sudarmi,
dadi wong umbar-umbaran.

25. Heh pagemu nyawa dadak wani-wani,
ngambah ing jro pura,
akeh punggawa pramantri,
keh wong gedhe jro nagara.

26. Sira durung weruh sikuning nagari,
sira pan wong sudra,
papa ina kawlasasih,
wong desa tanpa ukara.

27. Teka dadak sira kaki wani-wani,
parek-parek lawan,
panjenengan narapati,
tur ratwagung binathara.

28. Kinasihan ing jawata kang linuwih,
gustining sajagad,
nora ana amadhani,
sira nyawa meksih bocah.

228