Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/229

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

prapteng enjingira maksih,
tan eca raosing driya.

14. Kae Jaka sakenjing den gegondheli,
maring ibunira,
aja lunga-lunga kaki,
atiningong melang-melang.

15. Kae Jaka tan kenging dipun gondheli,
yata duk semana,
ni randha denya miyarsi,
tetela gediring kathah.

16. Yen sang nata anyekel maling sinekti,
bisa anyiluman,
maksih jejaka kang maling,
ni randha ningseti sinjang.

17. Lan rananya lumayu tiyang kekalih,
sarwi rawat waspa,
rerikatan wong kekalih,
laju maring pasewakan.

18. Prapteng ngarsa ni randha karuna anjrit,
njujug nggening putra,
sesambat kawelasasih,
sarwi anungkemi putra.

19. Katuwone babo nggoningsun sesiwi,
dhuh norakayaa
ingkang kaya awak mami,
baya ta wus bejaning wang.

20. ujaringsun teka nora den piyarsi.
sun palangi sira,
lungaa sadina iki,
sira meksa kudu lunga.

21. Ateningsun wus melang-melang kepati,

227