Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/228

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

angambah ing kene nyawa.

6. Kathah-kathah Kartimaya sambatneki,
yata srinarendra,
andangu lelurahneki,
anenggih sang mantri Jagal.

7. Bocah iku sapa kang aduwe siwi,
matur mantri jagal,
artiba atur pati u r p ,
ajrih yen datan matura.

8. Yektosipun pun Jaka punika gusti,
pang inggih babetan,
wawratan sangking jro puri,
lair Ki Jaka punika.

9. Duk ni rara wedale sangking jro puri,
pan inggih kawula,
gusti ingkang nguningani,
tuwin kang ambaureksa.

10. Malah ngantos sapriki tan arsa krami,
marem anon putra,
priya sangking dalem puri,
milane dinama-dama.

11. Duk miyarsa sang nata enget ing galih,
tuhu yen kang putra,
nanging sinamur ing galih,
kuneng sakedhap sang nata.

12. Kawuwusa ingkang kari aneng wuri,
sira ni mbok randha,
Pajagalan pan salatri,
tyasira gung melang-melang.

13. Malah kongsi tan antuk guling salatri,
anggung terataban,

226