Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/227

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

wonten tengahing wanadri,
warni witing waringin tuwuh ing kisma.

27.Kawula bedhol seksana,
katut saoyod ireki,
kang oyod sindhetan mimang,
Ki Jaka aturireki,
miwiti amekasi,
duk miyarsa sang aprabu,
kacathet ing wardaya,
angungun Srinarapati,
ngangen-angen kang tutur timbul iang toya.

XII


1. Sang aprabu esmu kaduwung ing galih.
denya budi ganas,
sisingel kinen ambesmi,
kasusu panas ing driya.

2. Lamun aja ganasi yekti pakolih,
semana sang nata,
nulya aken nimbali,
lelurahing mantri Jagal.

3. Kinen ngirit penatusnya kang wewangi,
Kyai Kartamaya,
tan adangu nulya prapti,
kinen maju mring ngarsendra.
4. Kyai Kartamaya wau duk ningali,
lamun wayahira,
kinepung aneng ngarsaji,
supe aneng ngarsa nata,

5. Karuna sru sesambatnya kathah-kedhik,
dhuh katuwonira,
dene teka wani-wani,

225