Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/226

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

23. Jaka Karewet aturnya,
dhuh pukulun sribupati,
amba nuwun pangaksama,
sandhape lebu pada ji,
dene tan angabekti,
pakewet dening tetangsul,
duk miyarsa sangnata,
parentah aken nguculi,
dyan tumandang pra mantri nguculi bandan.

24. Mung kantun tenger kewala,
sinampiran ing tetali,
nulya Ki Jaka tur sembah,
dhuh pukulun Sribupati,
amba pan dede telik,
myang sandiupayeng ripu,
dede dutaning nata,
myang satriya pra dipati,
ulubalang punggawa mantri prameya.

25. Pun patik rare umbaran,
ugungan sangkaning alit,
wismamba ing Pajagalan,
gesang datanpa sudarmi,
sutane randha miskin,
sudra papa wijilipun,
pun Karewet wastamba,
pun kaki tetiyang alit,
nama Kartamaya penatus wong Jagal.

26. Dene ta pratingkah amba,
makaten punika gusti,
pan kayun amba priyangga,
tan wonten kang memuruki,
sangking kawula apti,
angyektosaken pukulun,
pustaka nggen amanggya,

224