Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/223

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

saputen tingalireki,
mayuk-mayuk wus lali ing dhirinira.

12. Gonjit palinggiyanira,
gerayangan astaneki,
goyang murdane lenggotan,
gumeter sariraneki,
dherodhog riwe mijil,
kumyus saengga wong adus,
sumuk sarira panas,
sanalika mutah getih,
kae Jaka tiba sangking kursinira.

13. Tan enget yayah antaka,
baya wus karsaning widi,
Ki Jaka prapteng apesnya,
kaparibaweng nerpati,
dhasar yayahireki,
wau ta duk tibanipun,
Ki Jaka sangking genya,
kàsingsal sesingelneki,
pan malesat tebih sangking murdanira.

14. Jejimat neng jroning dhestar,
waringin tuwuh ing siti,
kang oyot sindhetan mimang,
pan katut ing singelneki,
Ki Jaka pan wus mari,
nyiluman sariranipun,
Ki Jaka byar katingal,
kantu gumuling ing siti,
yata wau wadya kang wus winangsitan.

15. Martalulut kajineman,
Singanagara kang sami,
rumakit sadangunira,
pasang gelar nganan ngeri,

221