Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/222

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

8. Surake ambata rebah,
yata kawuwusa malih,
Ki Jaka ing pajagalan,
wus dangu denya ningali,
kepengin tumut bukti,
bogandrawina sang prabu,
nulya tumut Ki Jaka,
lenggah celak lan kya patih,
keneng gelar Ki Jaka wus pinasangan.

9. Kursi kang kothong satunggal,
lawan sampun den cawisi,
inuman mawarna-warna,
ngarseng kursi kang asepi,
sedaya den campuri,
darubosi lan kacubung,
pinrih lali wurunya,
yen lali sayekti keksi,
saben minum Ki Jaka datan kantuna.

10. Yata wuru-wuru dawa,
Sri Bethara Majapahit,
lawan sagunging punggawa,
satriya para dipati,
miwah mantri geng-alit,
surake atri gumuruh,
barung swareng tabuhan,
ngrerangin angrarasati,
yayah robing madu sindura la-ela.

11. Karasa edeme samya,
tinon angembang sulasih,
wuwusen wau Ki Jaka,
wus pasah keneng piranti,
angembang wong awarih,
peta wong awarih wungu,
yayah mawinga-winga,

220