Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/224

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

amiweka ring westhi,
semana sareng manubruk,
pinarengan ing surak
gumuruh agageteri,
alok maling heh iki maling aguna.

16. Giyak wadya sak ananya,
milu alok maling-maling,
si maling kang bisa ngilang,
anyeluman tan kaeksi,
si pothet pethut julig,
sakti guna marasandu,
anglelanangi jagat,
baya nora na wong sekti,
mung si maling kang bisa sakti priyangga.

17. Baya nora na wong lanang,
amung dheweke si maling,
nora na wong mandraguna,
amung dheweke si maling,
nora na wong sinakti,
amung dheweke si pandung,
nora na wong prawira,
amung dheweke si maling,
lah ta mara budia maling aguna.

18. Ki Jaka wus tinalenan,
winayuyung ngarsa wuri,
nanging Ki Jaka semana,
pan kadi kapati guling,
tan mantra-mantra eling,
sangking sangetireng kantu,
kerase kang inuman,
mandine kang darubesi,
myang kacubung milane satengah pejah

19. Wusnya binanda Ki Jaka,
sinaosaken ngarsa ji,

222