Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/221

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kang katempuh migenani,
yen anggunga kadyeki,
temah dadya aru-buru,
nagari Majalengka,
manawi ta mbok manawi,
endrajala karya tiwasing narendra.

5. Sayekti jagat ruhara,
mangkana rekyana patih,
umatur ring srinarendra,
ngaturken pratikel titi,
panyirep walangati,
pan jroning asmarasandu,
upaya pami kena,
mamrih katona sang maling,
wus kadhadha aturira Gajahmada.

6. Ing dalu tan kawursita,
yata wuwusen ing enjing,
Sang Aprabu Brawijaya,
asra kembul lan abukti,
lan wadya sanegari,
kya patih ngandika sampun,
ngirid sagung punggawa,
satriya prameya mantri,
pra dipati ngamanca lan ulubalang.

7. Sawusnya pepak sadaya,
nulya bojana Sang Aji,
anginum boganderwina,
lawan punggawa geng-alit,
inuman warni-warni,
brem tape weragang anggur,
arak tuwak myang umbras,
badheg sopi wangi-wangi,
anggur pait anggur manis kenis adas.

219