Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/220

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

para punggawa tuwa-nom.

XI


1. Para dipati satriya,
sami tinumutan bukti,
marang Ki Jaka punika,
tuwin Rekyana apatih,
Gajahmada tan k a r i
sanadyan Sri Mahaprabu,
pan tinumutan dhahar,
mangkana alami-lami,
wong sapraja pan sami grahitanira.

2. Warata gumyahing warta,
lamun ana maling sandi,
mandraguna anyeluman,
sring atumut momor bukti,
lan asring saba puri,
anabuh gonge sang prabu,
pusaka Majalengka,
myang bendhe ing nguni-uni,
kya grah kapat pusaka sangking Jenggala.

3. Lan asring nginum waragang,
sasaosane Sang Aji,
saananing kang inuman,
saben ari den inumi,
samana sribupati,
langkung sungkawa ing kalbu,
tuwin rekyana-patya,
wimbuh ing driya ngranuhi,
rumasa yen katempuh rumakseng praja.

4. Kasusahaning narendra,
bot-repoting sanegari,
yekti rekyana apatya,

218