Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/219

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

tan ana wong ngaru-biru,
wus laju mring kenyapuri,
prabayasa wus kalebon.

31. Purwakanthi miwah jroning purwalulut,
sadaya wus den ubengi,
sajajahaning pura rum,
tan ana kang den liwati,
sawusnya telas kang tinon.

32. Nulya metu Ki Jaka sayah kalangkung,
lawan sanget denya ngelih,
sayah kaliren satuhu,
semana anulya mampir,
ing wismane man tri gedhong.

33. Sapraptanya kang darbe wisma anuju,
kapanggih lagyarsa bukti,
Ki Jaka asrep ing kalbu,
saksana lekas abukti,
Ki Jaka lya nerambol.

34. Mantri gedhong tan wruh yen ana kang tumut,
denya Ki Jaka tan keksi,
sang mantri pengraosipun,
kaecan denira bukti,
sekul sapanjang geng pedhot.

35. Kang ngladeni sedaya sami gegetun,
denya salaminireki,
tan makaten dhaharipun,
baya rinewangan dhemit,
tuwin binadhog ing potho.

36. Wus bukti Ki Jaka anulya mantuk,
pan mangkana saben ari,
Ki Jaka karemenipun,
milya mangan para mantri,

217