Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/218

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

24. Namung rencangira kinen angen sampun,
Ki Jaka semana mijil,
arsa ngyektenana wau,
anggawa jimat waringin,
Ki Jakawus datan katon.

25. Maring pasar wong pasar tan ana weruh,
pan jinajah den ubengi,
meksatan ana wong weruh,
semana Ki Jaka mulih,
prapteng wisma wus den lolos.

26. Saking singel waringin sinimpen sampun,
kuneng ing laminireki,
Ki Jaka ing saben esuk,
angubengi jro negari,
ngalor ngetan ngidul nguion.

27. Kae Jaka pan kepengin arsa weruh,
ing wismane pra bupati,
para satriya gung-agung,
myang saguning para mantri,
punggawanira sang katong.

28. W.us kajajah sadaya jro wismanipun,
punggawa satriya man tri,
tuwin wau wismanipun,
Gusti Rekyana Apatih,
Gajahmada wus kalebon.

29. Datan ana sawiji wong ingkang weruh,
miwah patamananeki,
sampun jinajah sedarum,
yata ki Jakarsa uning,
kontha sajroning kadhaton.

30. Nulya laju Ki Jaka ing lampahipun,
prapta manjing srimenganti,

216