Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/217

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

dhuh karewet sutaningong.

18. Ingkang dadi woding ing wardaya ingsun,
Ki Jaka dipun tangisi,
sarwi tetanya kang ibu,
apa lire tingkah iki,
dene ta mau tan katon.

19. Kae Jaka anuturken purwanipun,
denyatuk kang wit waringin,
kang tumuwuh aneng lebu,
miwiti malah mekasi,
ki Jaka denya wawartos.

20. Duk miyarsa kang ibu ngungun kalangkung,
angandika mring kang siwi,
yen mangkono iku kulup,
baya pitulunging widdi,
marang ing sira nak ingong.

21. Sinung anggon-anggon bisa tan kadulu,
iku minangka paripih,
buntele ingkang akukuh,
wadhahana wuluh gadhing,
simpenen ing pethi kono.

22. Ingkang putra mituhu welinging ibu,
anyimpen kang wit waringin,
mangkana Ki Jaka sampun
sinung sega nuli bukti,
sawusnya tuwuk sang anom.

23. Nulya turu asayah arip kalangkung,
kuneng tan kawarneng latri,
warnanen ing enjingipun,
Ki Jaka anyuwun pamit,
mring ibu tan metu angon.

215