Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/216

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Ki Jaka sru luwenipun,
kasupen wuluh cinangking,
manjing mijil nyangking wuloh.

12. Ingkang ibu mangkana osiking kalbu,
suwe temen bocah iki,
denya ngandhangaken lembu,
teka nora mulih-mulih,
apa gawene nang kono.

13. Kae Jaka sangking sru kaluwenipun,
nganti kang ibu tan angling,
Ki Jaka anguwuh-uwuh,
ibu-ibu kulangelih,
nedha sekul weteng kothong.

14. Ingkang ibu anjola kaget sumaur,
thole-thole ana ngendi,
prenahira celuk-celuk,
asuwe nggon ingsun nganti,
rupanira nora katon.

15. Mung swaramu karungu neng ngarsaningsun,
kae Jaka anauri,
wonten ngriki kula ibu,
selak aluwe kapati,
kang ibu muwus ngemu loh.

16. Witning ingsun awelas mring sira kulup,
page sira tan keksi,
Ki Jaka sakedhap emut,
denira nyangking waringin,
ingkang aneng jroning wuloh.

17. Nulya punang wuluh sinelapken gupuh,
munggeng sanginggiling kori,
Ki Jaka nulya kadulu,
kang ibu amalayoni,

214