Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/215

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

5. Byar katingal Ki Jaka sariranipun,
saksana cinoba malih,
kang kambing maesa lembu,
cinegat tan nganan-ngeri,
giniring lakune golong.

6. Ingabanan kewala anut piturut,
sumrinthil tan nyimpang margi,
sakedhap Ki jaka mangu,
mangkana osiking ati,
samengko pan wus sayektos.

7. Nora samar lamun wit waringin iku,
kang akarya tan kaeksi,
bisa anyiluman iku,
mangkana Ki Jaka nuli,
anyepeng menda sawiyos.

8. Kenendhitan ing tetali den rut-erut,
wit waringin den wadhahi,
wuluh tinalenan sampun,
wonten ing gigiring kambing,
angadeg kang wulu sak ros.

9. Sampun laju Ki Jaka panggiringipun,
datan kawarna ing margi,
semana pan sampun rawuh,
ing wisma kasep ing wanci,
lembu kinandhangken gupoh.

10. Myang maesa kambing wus ngandhang sadarum,
nuli Ki Jaka angambil,
ing wuluh wewadhahipun,
waringin tuwuh ing siti,
Ki Jaka nulya tan katon.

11. Asiluman nulya manjing wismanipun,
kang ibu datan udani,

213