Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/214

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi


  nging sami kendel sedaya,
  den jik-jikaken samya,
  meksa tan ana kang purun,
  datan kenjit ingabanan.

35. Malah kongsi den gitiki,
  meksa ambelot kewala,
  Ki Jaka kaku atine,
  angartika jroning nala,
  apa sesumping ingwang,
  iki kang mawa pakewuh,
  manawa anatas nyawa.

X



1. Nulya wau Ki Jaka sesumpingipun,
  pinet sineleh ing siti,
  Ki Jaka anyoba gupuh,
  nggiring mesa lembu kambing,
  teka sumrinthil kemawon.

2. Nulya kendel Ki Jaka osiking kalbu,
  baya nyata sumping iki,
  kang akarya tan kadulu,
  anulya cinoba malih,
  waringin den alap gupoh.

3. Kae Jaka semana sariranipun,
  pan sampun nyiluman malih,
  yata kang maesa lembu,
  buyar ting salebar malih,
  ingaban meksa ambelot.

4. Ginitikan lumayu pating salemprung,
  ana ngalor ngulon tuwin,
  ngetan ngidul paranipun,
  kae Jaka kendel nuli,
  nelehken waringin alon.

212