Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/213

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

waringin alit tumuwuh,
ing siti lagya sakilan,

30. Sasada genge punang wit,
sembada pange sekawan,
aciyut-ciyut rondhone,
lemes nyekenuk semunya,
angrepayak kawuryan,
pantes pindha cundhuk mentul,
Ki Jaka remen umiyat.

31. Mangkana osikin galih,
kinarya sumping prayoga,
mengko sun gawane muleh,
senadyan iku garinga,
wangune maksih pelak,
marenthil pating cangkenuk,
nulya binedhol semana.

32. Katut saoyode sami,
resik tan katutan lemán,
dilalah karsaning Manon,
oyode sindhetan mimang,
ngandhap nginggil sembada,
gya sinumpingaken gupuh,
ceples sumumping apelak.

33. Ing ngarsa wingking prayogi,
Jaka Karewed semana,
anyiluman sarirane,
tan katon dening manungsa,
nadyan diyu reksasa,
prayangan peri lelembut,
tan weruh maring Ki Jaka.

34. Nulya Ki Jaka yun mulih,
giniringan lembunira,
tuwin maesa mendane,

211