Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/212

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

25. Akhathah kancanireki,
sami rare Pajagalan,
pakaryane sami angen,
maesa lembu lan menda,
nanging ta kae Jaka
sring amisah paranipun,
remen ing sepi kewala.

26. Suka-suka datan apti,
dedolanan sasendhonan,
tingkah byung karamen-ramen,
wus tamtuning kuna-kuna,
rame angen punika,
keh sesindhen melang-melung,
ana ngidung ura-ura.

27. Ana cecangkriman tuwin,
cecarita topeng wayang,
ana selenthikan binte,
ana genjong tetembangan,
undhung myang gegendhongan,
Ki Jaka agung denipun,
mring kancane sami bocah.

28. Nanging meksa datan apti,
yata semana Ki Jaka,
katuju tebih pisahe,
denira angen maesa,
nelatah kawelantah,
satengahing wana agung,
wonten sakedik bebulak.

29. Ing ngriku kendelireki,
Ki Jaka kalangkung sayah,
ing wancine pan meh lungse,
Ki Jaka lenggah ing kisma,
mulat ngajenge ana,

210