Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/209

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

lawan sutane ni randha.

11. Sang retna Kim Mu Wah nenggih,
jinajar pakramanira,
langkung sih sinihan karo,
atut aruntut kalihnya,
yata alama-lama,
Dyan Arya Prabangkareku,
wus kasup ing bumintara.

12. Kadibyane amumpuni,
limpat pasanging graita,
prawiranjrah wiwekane,
winasis sabarang karya,
ambek merdu ngulama,
budine menyan katunu,
kacap sabarang pangucap.

13. Wicaksana anrang westhi,
reh susila wirotama,
dhasar apekik warnane,
pamulu pindha sasangka,
ri sedhenge purnama,
akathah kang para arum,
idung-idungening warna.

14. Kuneng kang sampun amukti,
Raden Arya Prabangkara,
tan winarneng sabanjure,
sinigeg caritanira,
lelakon nagri Cina,
kadangon lampahing catur,
yata ganti winursita.

15. Mangsuli cariteng nguni,
negari ing Majalengka,
putranira sang akatong,
Brawijaya wuragilnya,

207