Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/208

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

6. Kuneng ing laminireki,
mung gelise cinarita,
Ki Jaka lawan biyunge,
myang sadulure wanodya,
pan sampun binoyongan,
sinung wisma ing sang prabu,
celak kelawan kadhatyan.

7. Pinggir banon kacepuri,
langkung sinihan ing nata,
dahat kathah peparinge,
tuwin sang raja pinutra,
kelangkung tresnanira,
mring Jaka Prabangkareku,
miwah kang para sentana.

8. Satriya punggawa mantri,
samya tumut asih tresna
tur akathah pisungsunge,
mring Ki Jaka Prabangkara,
yata alama-lama,
kukus sangsaya kumelun,
wus tan kena ingalingan.

9. Lamun Ki Jaka Panyungging,
turasing madu kusuma,
dadya ambabar kulane,
karsanira srinarendra,
tinunggil para putra,
tan alami pinet mantu,
mantu putu mring sang nata.

10. Putranira raja siwi,
putri pambajeng punika,
Siti Tumiyan wastane,
nanging karsane sang nata,
Ki Jaka Prabangkara,
kang wayah kinen amayuh,

206