Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/210

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

priya wewangenira,
Jaka Karewet puniku,
patutan sangking ampeyan.

16. Ing purwane sribupati,
amundhut parara-rara
saking wong jagal satane,
nanging dede atmajanya,
lelurah mantri jagal,
sutanng jagal panatus,
wus lami antaranira.

17. Sinarenan ing sang aji,
sang rara anulya wawrat,
pan lagya kalih tengah lek,
angidham-idham kaworan,
denya ngidham sang rara,
asengit mulat ing kakung,
yata Prabu Brawijaya.

18. Anuju karsa nimbali,
mring ni rara Pajagalan,
ayun sinaren karsane,
ni rara sanget lenggana,
pineksa datan kena,
ni rara meksa alumuh,
karuna alara-lara.

19. Sang nata kacuwan kapti,
dadya dukane kalintang,
malah amutung driyane,
kadedawan bendunira,
nulya dhawuh parentah,
mring pawongan pinisepuh,
sang rara kinen metokna.

20. Sangking jroning kenyapuri,
kinen laju angulihna,

208