Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/207

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

yen mengkono kulup sira,
sadulure putuningong,
ing mengko ta karsaningwang,
basaningsun mring sira,
pan angalih basa putu,
Dyan Jaka nuwun turira,

2. Sang nata ngandika malih,
putuningsun Prabangkara,
ingsun alingi dheweke,
sun turuti karepira,
misih amendhem kula,
alingan werana kulup,
ing reh ingkang pepingitan.

3. Nanging karsaningsun mangkin,
kulup ingsun pundhut sira,
ingsun boyongi marene,
sarta lawan biyungira,
miwah sadulurira,
Ki Jaka tur sembah nuwun,
sumanggeng kersa narendra.

4. Sang nata ngandika aris,
marang kang darbe wong-wongan,
sang raja Si Tong Ki Sae,
lamun Jaka Prabangkara,
pinundhut binoyongan,
kalawan sabiyungipun,
miwah sadulure pisan.

5. Matur sandika wot sari,
datan lenggana ing karsa,
sang raja Si Tong Si Sae,
nulya sri Ong Te bethara,
luwaran sri narendra,
kang nangkil bubar sedarum,
myang Ki Jaka milwa medal.

205