Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/206

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

31. Ewa makaten pukulun,
ing mangke rehning pun patik,
kaperdi ing karsa nata,
sampun kirang pangaksami,
saru sesiku kawula,
cumenthaka ngaken singgih.

32. Pun patik saestunipun,
sutane Srinarapati,
Brawijaya Majalengka,
narendra ing tanah Jawi,
nging mijil sangking ampeyan,
pun ibu sutaning man tri.

33. Nenggih mantri lurahipun,
jagal nagri Majapahit,
praptamba ngriki punika,
sangking sabdaning ramaji,
tinumrap munggeng pustaka,
serat paringe ramaji.

34. Minangka wewelingipun,
dhateng ing kawula gusti,
wau Dyan Jaka aturnya,
ngaturken ungeling tulis,
ing purwa madya wesana,
wus katur ing sribupati.

35.Sri Ong Te bethara prabu,
ing Cina duk amiyarsi,
kadahut ing tyas karantan,
ngungun waspanira mijil,
welas mring rahaden Jaka,
sang narendra semu kingkin.

IX


1. Ngandika Sri Narapati,

204