Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/205

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

lirnya pahit lan gegurih,
lawana lawan kathuka,
lirnya papedhes lan asin.

26. Tan mantra-mantra ing semu,
tan wrin ing wadi gatining,
sumiwakeng naradipa,
milanggung manggih reruntik,
yata Ki Jaka aturnya,
miwiti malah mekasi.

27. Ing purwane tibanipun,
wonten dhukuh ing Yutwahi,
Sri Ong Te duk amiyarsa,
gagetun ngungun tan sipi,
dhawuh tresnane sang nata,
marang Ki Jaka Panyungging.

28.Sang nata waspadeng kalbu,
Ki Jaka den awe malih,
kinen majua mangarsa,
tur sembah Ki Jaka Sungging,
majeng nyelak ngarsa nata,
sandhaping amparan rukmi.

29. Sri mahanarendra manglung,
denya ngandika bebisik,
tetanya marang Ki Jaka,
kinen sajarwa kang yekti,
kulup aja kikib sira,
den saweca marang mami.

30. Aja sira wancak kalbu,
sira sapa kang sesiwi,
Ki Jaka matur tur sembah,
dhuh gusti Srinarapati,
kawula datan wewirang,
mila gung mawi kakelir.

203