Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/204

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

20. Pukulun dhateng anuwun,
ing pambagya paduka ji,
kajunjung ing pasuwunan,
dadosa jimat paripih,
mangka tumbaling agesang,
saking sih marmeng nerpati.

21. Ngandika malih sang prabu,
tetanya mring sang apekik,
ing ngendi kamulanira,
tur sembah Ki Jaka Sungging,
amba saking tanah Jawa,
wijiling sudra kaswasih.

22. Nemut gatel ing sang prabu,
Brawijaya Majapahit,
nanging sanget punggung mudha,
bodho kawula tan sipi,
akathah kanca kawula,
sedaya sami winasis.

23. Amung kawula pukulun,
ingkang balilu pribadi,
ing bawa tan mantra-mantra,
wong suwiteng narapati,
cekak budi tanpa daya,
tan uningeng tata titi.

24. Amba dahat kumprung pengung,
ugungan sangkaning alit,
pugung marase sad rasa,
lare tan wrin ing dedugi,
jugul tan mantra uninga,
ing rasa kang nem prakawis.

25.Amla sarkara liripun,
kekecut lawan memanis,
tikta kalawan kayasa,

202