Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/203

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

anindaki tata titi,
titi kaparenging mangsa,
inggeking jangga alungit.

15. Tan dhopo ing siku-siku,
tindak tanduk angenteni,
mabukuh ing byantarendra,
tumancep ing silastuti,
tajeming netya jatmika,
sedhep wiraga mrak ati.

16. Gawok kang sami andulu,
leng-leng tan ana bisa ngling,
tuwin ta wau sang nata,
eram denira ningali,
maring Jaka Prabangkara,
sang nata mancer ing liring.

17. Angartika jroning kalbu,
pepantese bocah iki,
dudu trahing adus kula,
dudu sutaning wong cilik,
pantes trahing kulawirya,
turasing andana warih.

18.Sestu rembesaning madu,
sesekaring kusama di,
bunyok lamun sun corana,
katara ing ulat liring,
saparipolah kawangwang,
suleksana ambawani.

19. Mangsa kenaa sinamun,
wong gedhe lawan wong cilik,
sun terka mangsa ngakua,
yata ngandika sang aji,
heh kulup sira bagea,
tur sembah Ki Jaka Sungging.

201