Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/202

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

9. Peni-peni myang brana gung,
arta miwah busanandi,
duk samana kapiarsa,
dening kanjeng sribupati,
Sri Ong Te kang ageng pisan,
kang angreh para narpati.

10. Ing bumi Cina sadarum,
puniku kang andarbeni,
tah-telatah bumi Cina,
dharatan urut pasisir,
miwah ing lautanira,
puniku kang misesani.

11. Narendra binathara gung,
kasumbageng lyan nagari,
yata semana sang nata,
kayuyun dening pawarti,
kapengin arsa uninga,
ing warnane Jaka Sungging.

12. Duk semana sang aprabu,
utusan aken nimbali,
maring Jaka Prabengkara,
tan alami nulya prapti,
kerit kang darbe wong-wongan,
narpati manca nagari.

13. Marek ing ngarsa sang prabu,
ambekta Ki Jaka Sungging,
Sri Ong Te ngawe Ki Jaka,
kinen majua ing ngarsi,
sojah tur sembah Ki Jaka,
rakiting solah respati.

14. Ngrepepeh denira maju,
apacak merak kasimpir,
terampil parigel sikat,

200