Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/201

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sedhep bangkite dheweki,
jatmika anteng pesaja,
pantes kaojating bumi.

4. Semana pan sampun kasub,
jro praja manca nagari,
kawentar ing bumintara,
pirang praja manca nagri,
samya angalem Ki Jaka,
suteng randha ing Yudwai.

5. Tuhu baguse pinunjul,
tan ana kang angemperi,
jejaka ing nagri Cina,
sami kasoran ing warni,
sembada kawignyanira,
pinuji ing wong sabumi.

6. Yen akarya gambar putus,
lir wantah tuhuning warni,
punang gambar wewangunan,
yayah bisa ngling pribadi,
semuning gambar tan mantra,
citraning kartas lan mangsi.

7. Pan kadi saestonipun,
barang kang cinitreng warni,
elur aselur kang prapta,
dutaning para nerpati,
myang dutaning pra satriya,
punggawa prameya mantri.

8. Samya mameling wewangun,
ing citra warna sinungging,
ingkang yayah bisa molah,
tan salaya kang kinapti,
akathah wewangsulira,
marang Ki Jaka Panyungging.

199