Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/200

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

46. Sang abagus anulis pakartinipun,
karya gambar-gambar,
kekayon myang peksi-peksi,
yen wus dadi kinen nyade ni mbok randha.

47. Wus misuwur ki Jaka pakaryanipun,
pan kathah pajengnya,
rebutan kang tuku sami,
miwah gambar manusa estri lan priya.

48. Rebut unggul patukone datan etung,
laranga sinengka,
kathah kang sami memeling,
susun-susun atimbun estri myang priya.

49. Ngundhung-undhung ni mbok randha artanipun,
semana ni randha,
Kim Liong pan sampun sugih,
margi saking suta panggihan kanthinya.

VIII


1. Mangkana pan kamisuwur,
tepis iring kanan keri,
padedesan amancapat,
mancalima nem sapteki,
mancawolu mancasanga,
sami pangalemireki.

2. Kalamun atmajanipun,
ni mbok randha ing Yudwai,
pan suta pupon punika,
kelangkung denya winasis,
wignya putus sarwa bisa,
dhasar apekik kang warni.

3. Pamulu yayah sitangsu,
sedhenge purnama siddi,
limpat ing tembung noraga,

198