Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/199

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

38. Sang binagus saurnya inggih satuhu,
anulya ki jaka,
den ajak mulih mring panti,
tan lenggana ki jaka sarya babekta.

39. Ngusung-usung pepanganan wong tetelu,
lawan pirantinya,
bekakasira sang pekik,
wangsal-wangsul pangusunge kang dandanan.

40. Lawan sagung kekarene sangu-sangu,
pan kalangkung kathah,
miwah ingkang layar sami,
mori pethak tuwin awaking layangan.

41. Mori alus sakalangkung wiyaripun,
myang atali samya,
ragangan binekta mulih,
patang dina telase pangusungira.

42. Tan kawuwus samana ing lamenipun,
sira ni mbok randha,
Kim Liong tresna tan sipi,
mring ki jaka kadi suta nggene yoga.

43. Sang binagus ageme sesupenipun,
mirah ngenthik kanan,
lawan partepen ireki,
pan kancana jingga cecawi rinengga.

44. Yeku sinungaken mring ni randha sampun,
kinen anjuwala,
kinarya pawitan nenggih,
ni mbok randha angupaya buktinira.

45. Mulur-mulur ni randha rejekinipun,
pan dumadak sangkan,
pangupajiwane gampil,
samargane teka kauntungan kewala.

197