Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/198

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

30. Ing jro kurung ni randha kacaryan dulu,
tuwin sutanira,
sami kacaryan ningali,
dene kadi wisma sapirantenira.

31. Tuwin wau piranti panitranipun,
gambar pira-pira,
kalintang samya di-adi,
isen-isen ing wiyat kang sarwa pelag.

32. Sang binagus amijilken segahipun,
roti warna-warna,"
myang adi-adining Jawi,
kang kewawi kinarya lelungan lawas.

33. Tuwin banyu inuman kang sarwa arum,
apan misih kathah,
kabeh cinaraken sami,
mring ni randha tuwin wau sutanira.

34. Wong tetelu sami mangan roti gandum,
kalawan mertega,
miwah sawarnane roti,
wusnya tuwuk nulya ki jaka wuwusnya.

35. Lah ta biyung yen amarengi ing kayun,
andika yen sotah,
amupu ing kawlasasih,
inggih biyung kawula ngenger ing dika.

36. Kula biyung mapan boten sedya mantuk,
dhateng tanah Jawa,
pan sampun wirang wak marni,
nyai randha langkung sukanireng driya.

37. Wuwusipun inggih prayoga kelangkung,
kalamun andika,
sudi angenger wong miskin,
nistha papa tan adarbe paran-paran.

196