Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/197

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

22. Apan sampun nate layar duk ing dangu,
maring tanah Jawa,
sampun wruhing Majapahit,
duk Sang Ong Te nguni miwaha ring putra.

23. Krama antuk srinarendra Majalangu,
nguni paman dika,
andherek sang raja putrì,
pan giliran ing pakaryaning narendra.

24. Wretenipun ing mangke sang retnaningrum,
sampun pepisahan,
kalawan srinarapati,
prameswari sang raja putrì ing Cina.

25. Pisahipun lagya bobot pitung tengsu,
nulya karsanira,
sang aprabu Majapahit,
raja putri tinarimaken ring putra.

26. Kang tinandur ing Palembang negara gung,
aran Arya Damar,
puniku punapa yekti,
kae jaka lingira inggih sanyata.

27. Malah sampun ambabar wawratanipun,
putra mijil priya,
warna lir rama sang aji,
ni mbok randha Kim Liong malih wuwusnya.
28. Lah ta bagus kadi paran warnanipun,
jro tunggangan dika,
kula pan arsa udani,
kae Jaka lingira inggih sumangga.

29. Mangkat sampun Ki Jaka kang aneng ngayun,
nulya nyai randha,
ing wurine kang sutestri,
prapta nggening layangan wus sami lenggah.

195