Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/196

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

14. Dupi sampun celak lawan gunung-gunung,
ngayom mring dharatan,
nuju pamatining angin,
duk ing wau dalu wand gagat wetan.

15. Dadya dhawuh ing kisma tunggangan ingsun,
ing ngriki punika,
kula angungun tan sipi,
katujune dika biyung nunten prapta.

16. Yata wau ni bok randha duk angrungu,
jetung kagawokan,
ngungun gegetun tan sipi,
lenger-lenger dening atebih kalintang.

17. Lan kalangkung welas marang sang binagus,
yata ni bok randha,
alon wuwusipun malih,
yen mekaten anak andika punika.

18. Pan kalaut kalunta kalantur-lantur,
katut ing layangan,
pedhot binekta ing angin,
kombak-kombul tiba ing liyan negara.

19. Pan kalangkung tebih ing tibanireku,
sangking tanah Jawa,
sangking nagri Cina ngriki,
tanah Jawa pan kidul-kilen prenahnya.

24.Nging puniku tebihe kalangkung-langkung,
pan kalang-kalangan,
ing samodra ageng nenggih,
angliwati pulo geng-ageng akathah.

21.Samodra gung lelayaran tigang tengsu,
angin kang sedhengan,
ing nguni anak duk masih,
nenggih paman dika ingkang sampun lina.

194