Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/195

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

6. Taksih bingung tuna liwat kumprung pengung,
kathah kanca kula,
sedaya sami winsis,
amung kula biyung kang bodho priyangga.

7. Tuna kawruh datan uningeng lor kidul,
mila gung dinukan,
ing gusti sranarapati,
dene tiba kula ing ngriki punika.

8. Tan sedya yun ing pratingkah aru-biru,
ing nguni purwanya,
kula lagya anglampahi,
parentahing gusti nateng Majalengka.

9. Duk tinuduh anggambar saisenipun,
ngawiyat sadaya,
kang elok-elok kaeksi,
ing antara tetirah ing jumantara.

10. Kula sinung kang minangka marganingsun,
minggah ing gegana,
layangan lir palwa kunthing,
sinamaptan layar-layar kadi palwa.

11. Lawan sinung bekakas piranteningsun,
myang sesangu kathah,
kawrat munggeng kurung sami,
datari kirang sangu malah ngantos tirah.

12. Taksih agung pan puniki luwihipun,
neng tunggangan kula,
dupi ing pakaryan mami,
wus palesta panggambar kula sedaya.

13. Nulya rawuh angin dres kang sangking luhur,
nempuh ing layangan,
layangan anulak bali,
siyang latri ngedet tumurun mangandhap.

193