Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/194

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

43. Akathah wadyanipun,
para m a n t r i ing Cina kang tumut,
punika kang sami rerewangan angling,
lan Raden Jaka ing dangu,
mila winasis sang anom.

44. Barang patanyanipun,
ni mbok randha Kim Liong sadarum,
Raden Jaka Prabangkara pan mangerti,
yata wau wuwusipun,
Dyan Jaka amucung alon.

VII



1. Lah ta biyung kula pan dede lelembut,
dede perayangan,
lan dede dhanyang dhedhemit,
lawan dede Ong Te Pekong dede dewa.

2. Yektosipun kula puniki ta biyung,
pan inggih manungsa,
wong Jawa kamulan mami,
dasihipun srinarendra Majalengka.

3. Kula biyung nemut gatel ing sang prabu,
nanging sanget nistha,
Prabangkara aran mami,
ina budi wijiling wong sudra papa.

4. Tur balilu tanpa kabudayantengsun,
bodho tanpa guna,
ugungan sangkaning alit,
pan kapatuh katungkul umbar-umbaran.

5. Kula biyung tan mantra-mantra ing semu,
angawuleng nata,
duk tinuduh ing nerpati,
sesinaon ing tulis pan dereng bisa.

192