Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/193

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

wong Cina pawestrenipun,
wauta randha Kim Liong.

37. Nulya tetanya gupuh,
cara Cina ing patanyanipim,
lah bagea wong anom kang anyar prapti,
ingong tetanya satuhu,
anedha jinaten ingong.

38. Apa silih lelembut,
dhedhemiting wana gunung-gunung,
perayangan peri kang amara-bumi,
apa dhanyang ing wana gung,
kang padha rumekseng kono.

39. Arsa aganggu-ganggu,
karya lelara kang teluh-neluh,
apa baya manungsa-manungsa yekti,
sajarwaa wong abagus,
apa si Liong Te Pekong.

40. Prapta arsa angracut,
pati urip ngalap jiwaningsun,
yen upama sira manungswa sayekti,
wong paran wastanireku,
tanahmu celak apa doh.

41. Lawan sapa aranmu,
Raden Jaka ariris sauripun,
cara Cina patitis ing tembung manis,
dyan Jaka nguni wus putus,
ing basa Cina mengkono.

42. Muwah ing tulisipun,
apan sampun limpat sang binagus,
kang amuruk nguni embane sang p u t r i ,
ing Cina kang krama antuk,
ing Majapahit sang katong.

191