Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/192

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

apa dhemit-dhemiting wana gung,
kang rumekseng alas gunung kene iki,
kang kabeh sabangsanipun,
padha nyiluman tan katon.

31. Amdi katoni iku,
malih warna mindha manuseku,
sun wetara kakung perayangan iki
asejen panganggenipun,
busanane sarwa seyos.

32. Tan kadi rakitipun,
busanane wong kene satuhu,
dhemit iki warnane teka asigit,
jatmika anteng asemu,
cahyane mancur mencorong.

33. Balerengi dinulu,
yen upama jalmaa satuhu,
iki dudu satune wong cilik-cilik,
amung putraning ratwagung,
kang pantes cahya mengkono.

34. Dyan Jaka awas dulu,
mring mbok randha Kim Liong puniku,
sanalika Dyan Jaka enget ing galih,
anampa sang ra mipun,
busana barang pangangge.

35. Kadi parekanipun,
nguni prameswarinira prabu,
prameswari kang saking Cina negari,
myang suthuping netranipun,
tunggal kang pasang pasemon.

36. Myang kekulitanipun,
dhedhasare kuning kulitipun,
Raden Jaka osiking tyas baya iki,

190