Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/191

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

aterutusan wong roro.

24. Maring sukuning gunung,
ereng-ereng lelebak pepundhung,
akerapa reramban ipil-ipil,
jejanganan kayu-kayu,
godhong apan arsa den dol.

25. Semana wancinipun,
maksih injing pan ing pukul wolu,
ni mbok randha semana kagyat ningali,
ing ngarsa ana kadulu,
kadi wisma magrong-magrong.

26. Nanging dede wismeku,
kadi wisma sinawang gengipun,
pinerpekan rakite lir palwa kunthing,
ngangge layar tadhah bayu,
kathah layare mirantos.

27. Dyan Jaka Sungging weruh,
lamun ana jalma nulya mudhun,
sangking kurung Rahaden Jaka aririh,
prapta ing dharatan sampun,
Dyan Jaka merpeki alon.

28. Mring nimbok randha wau,
ni randhesmu ajrih ragi mundur,
tuwin sutanira dahat denirajrih,
gegendholan biyangipun,
pucat sarira dherodhog.

29. Panggraitaning kalbu,
ni mbok randha apa baya iku,
perayangan peri kang amarabumi,
apa bangsaning lelembut,
kang rumekseng alas kono.

30. Myang dhanyang-dhanyang gunung,

189