Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/190

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

estri satunggil warnanira yu,
ing wayahe sang dyah pan sampun birahi,
sumedhenge anomipun,
nanging dereng pati katon.

18. Rehning parawan dhusun,
dhasar miskin sru kangelanipun,
ing warnane apan dereng pati mijil,
sruning papa kawlasayun,
nistha datan amerabot

19. Keng Mu W ah namanipun,
lola tinilar ing ramanipun,
amung lawan renane ngupaya bukti,
saben ari karyanipun,
sira mbok randha Kim Liong.

20. Mring wana celak dhusun,
terataban sesukuning gunung,
wong kekalih kelawan sutanireki,
ramban ipil-ipil kayu,
jejanganan miwah godhong.

21. Ing sapikantukipun,
jejanganan godhong kayu-kayu,
yen wus antuk nulya winade tumuli,
maring dhusun liyanipun,
mrepat myang mancalima doh.

22.Sapayu-payunipun,
kang kinarya ing patumbasipun,
kang binukti ing sadina lan sawengi,
makaten salaminipun,
yata ing dina sawiyos.

23. Mbok randha nuju metu,
mring wana lir saben-sabenipun,
wong kekalih kalawan sutanireki,
dahat ing kawelasayun,

188