Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/189

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ngemper aniyub mangisor.

11. Kuneng ing lamenipun,
duk semana karsaning Hyang Agung,
ingkang asih murah mring dasih kaswasih,
tetulung ing kawlasayun,
punang layangan wus ngayom.

12. Rumah angemper sampun,
angungkuli ing dharatan agung,
tanah ageng nenggih ing Ciña negari,
jawi praja dhusun-dhusun,
pinggir wana-wana tunon.

13. Sukuning gunung-gunung,
alas teratab iring pepundhung,
duk semana punang maruta wus mati,
ing wanci meh gagat esuk,
nulya kang layangan anjog.

14. Tan kontrag tibanipun,
alon aririh datan aseru,
aneng pinggir wana edheng-edheng nenggih,
terataban celak dhusun,
asepi mamring kemawon.

15. Tebih lan narendra gung,
ing Yutwai wastane kang dhusun,
dhusun alit bawah ing manca negari,
wonten randha kawlasayun,
aran mbok randha Kim Liong.

16. Dama miskin kalangkung,
sru malarat alit wismanipun,
sampun lami linane lakinireki,
nistha papa kawlasayun,
meh tan jamak samining wong.

17. Kacatur darbe sunu,

187