Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/188

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kapirangu ngungun pungun-pungun,
amangungkung tan kawekang te kang kingkin,
kakenan unang-unang kung,
mangkana sampun sinapon.

5. Pinapas ing pamupus,
mupus ing tyas kentas wus kapusus,
man monang samaneng munadikani,
kinikis enget ing kalbu,
ilang ingkang walangatos.

6. Kang srat sinimpen sampun,
duk semana dyan jaka aneru,
panenedha maring jawata linuwih,
meminta enggaling laku,
yata tinarimeng manon.

7. Asih mring dasihipun,
tetulung mring dasih kawlasayun,
yata sanalika wonten angin prapti,
langkung adres saking luhur,
mengandhap nulya tumempoh.

8. Maring layangan wau,
angin sangking ngandhap tan lumaku,
dadya punang layangan tumurun anglis,
lakar langkung rikatipun,
binakta ing angin angrok.

9. Lir kagendra kadulu,
saking wiyat angayom tumiyup,
cumalorot yata wonten prapta malih,
angin barat-dhaya ngasut,
myang angin udara nempoh.

10. Maring layangan asru,
kang layangan anut dresing bayu,
barat-dhaya udara ngedet kepati,
angalor-ngetan sumiyut,

186