Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/186

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

39. Heh ta kulup piyarsakna iki,
panedhaning ngong,
mring jawata kang murba ing rehe,
sira aja tiba-tiba kaki,
lamun durung prapti,
ing Cina praja gung.

40. Kono sira tibaa ta kaki,
aja kongsi kantrog,
den aririh tibanta ing tembe,
kono nuli ana kang nulungi,
maring sira kaki,
asih tresna tuhu.

41. Yeku besuk jalaran ta yekti,
bisa dadi katong,
asih lulut balanira kabeh,
luwih mulya karatonireki,
aneng Cina kaki,
asugih brana gung.

42. Pan kasasra ing liyan negari,
jenengira katong,
kineringan parangmuka kabeh,
kasudibyanira amumpuni,
widigdayeng jurit,
prawira dibyanung.

43. Lawan sugih atamaja sireki,
lanang miwah wadon,
anak-putunira keh pencare,
padha tulus padha sugih-sugih,
besuk jaman wuri,
akeh padha nungsung.

44. Layar maring bumi Jawa kaki,
akeh kang padha don,
sedya wisma aneng Jawa kene,

184