Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/185

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

wruha kang arungsit,
ing baya pakewuh.

34. Ingkang angel ingkang sungil-sungil,
ingkang adoh elok,
ing lakon wruha kangelane,
keneng lara-lapa panas perih,
kadarung miden,
ngudara andarung.

35. Heh ta kulup weruhanireki,
wuwus kang mengkono,
sun kon pinter sireku tegese,
tembe wuwuh wiwekanta ngenting,
andon padomaning,
andedel pandulu.

36. Duluraning amrih amurwani,
kawiryawaning don,
tan lyan saking sangsara wiwite,
tur setyawan anut ing darmaji,
supaya sinung sih,
ing jawata luhung.

37. Anampani nugraha sayekti,
sangking sihing manon,
luwar sangking papa sangsarane,
nulya sinebut bangsawan tuwin,
darmawan darmaji,
punyawan winantu.

38. Ing artawan myang gunawan titih,
kertawan kinaot,
susilawan budiman wadine,
pangundhuhing wowohan ngemehi,
saturasireki,
padha mulyeng pungkur.

183