Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/184

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ing reh walangatos,
melang-melang kang ora-orane
tibaa ring pancabaya kaki,
kumaddela maring,
sang amurbeng tuwuh.

29. Marmane kang mangkana ta kaki,
dene ta samengko,
jeneng isun iki teka seje,
rasaningtyas tan kadi ing uni,
teka kudu runtik,
marang ing sireku.

30. Nora kena rinapu riniring,
murang-muring ingong,
wus tan kena ing reh pinrih sareh,
malah wuwuh sangsaya and adi,
bendu ngong mawardi,
kudu amrih dudu.

31. Tan karuhan darunaning budi,
buteng mawor keron,
amung eling sengitingsun bae,
maring sira nora kena lilih,
baya pinasthi,
karseng jawata gung.

32. Pinisahken sira lawan mami,
tan atunggal enggon,
pan mengkono kaki kajatine,
poma-poma lakonana kaki,
sapituduh mami,
aja tumpang surup.

33. Sira nora ingsun prih ing pati,
amung karsaning ngong,
angsung dedalan marang dheweke,
dedalane kamulyanireki,

182