Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/183

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kang sarwa binangkit,
pangulah linuhung.

23. Kang tan kewran wraning ganal alit,
laku kang linakon,
setya tuhu ing pasuwitane,
ing mengko kang lagi anglakoni,
ing parentali marni,
mi tuhu pituduh.

24. Ingsun utus anggambar salwirning,
antariksa kono,
barang katon ginambara kabeh,
ing sawusing pangestu ngong kaki,
myang sesanti mami,
marang ing sireku.

25. Ing wiyose kulup Jaka Sungging,
mudha sutaningong,
aprakara layang isun kiye,
dadia ing pratandha ngong kaki,
wekas-wekasaning,
ing pangandikaningsun.

26. Dadya pamegate tresna mami,
mring sira nak ingong,
awit angkatira saking kene,
angambara maring ngawiyati,
kalangan tumiling,
mangalayeng luhur.

27. Pepungkasanta katemu kaki,
lawan jeneng ingong,
kongsi prapteng paranira tembe,
aja susah-susah nganggo mulih,
maring Majapahit,
poma-poma pikulup.

28. Lawan aja salah tampa kaki,

181